Rabu, 10 Agustus 2011

tembang ajid

Panen
Cipt. Abdul Adjib
Wayah bengi ayam jago kukuluruk
Lagi panēn buru-buru tangi esuk
Batur-batur pada ketemu ndalan
Cepon arit beli pada ketinggalan
Lagi usum panēn c-empat pb-lima
Cepon karung wis pada metu sing umah
Ēh wong lanang tulung jukutna kētēl
Semono gah amit bae dudu rēwēl
Batur-batur pada kumpul jaluk catu
Pariē ditimbang majikanē tunggu
Buru-buru balik ndeleng pengantēn
Akēh tarling saben bengi musim panēn
Panca Usaha Tani
Cipt. Abdul Adjib
Yēn wis pada dadi wong tani
Pribēn caraē sugih pari
Dedalanē usaha tani
Kudu diulik diulati
Ana lima usaha tani
Bibitē nggango bibit unggul
C-empat PB-lima contoē
Kang dipamrih anakē akēh
Reff:
Pengen lemu kudu dipupuk
Umpamanē pupuk urēa
Matek abot ning timbanganē
Lan kang apik pengolahanē
Alat modalē ya kang waras
Kang teratur pengairanē
Tikus sundep lu kudu dibrantas
Menawa baē cukup beras
Iku Panca Usaha Tani
Agem-agemē Bapa Tani
Bisa cukup sandang lan pangan
Ketemu kelawan wareg pangan
Ratminah Ayu Mangkat
Sekolah
Cipt. Abdul Adjib
Ratminah ayu mangkat sekolah
Wingi pa guru nakon ning kita
Aja sampē ora sekolah
Taun kiyen olih ijazah
Wong bli sekolah mbēsukē bita(?)
Mumpung kiyen sira masih bocah
Kanggo mbēsuk yēn olih dēwasa
Aja kiyeng ngurung ning umah
Reff:
Aja ngajaki
aja ngulati
Isun wis kepēngēn duwē laki
Kang Baridin lanang sejati
Yēn sira arep mangkat sekolah
Bli susah sira ngampiri kita
Isun arep dikongkon Mama
Ngirim Kang Baridin ning sawah
Keduhung
Cipt. Abdul Adjib
Keduhung rasanē ati………
Pikiran krasa keyungyun
Yēn diēling-ēling rasa getun
Sekiyen urip ngelamun
Arep jaluk tulung-tulung sapa
Arep sambat-sambat sapa
Arep ngomong klalēn karo mama
Watirē ora ditrima
Aduh Gusti ingkang maha suci
Pripun nasib kula iki
Keduhung kula bli gawē janji
Lanang mung sampēyan siji
Semēnē rasanē dadi wadon
Kēlingan kang durung klakon.
Awan ketuwon bengi ketuwon
Tek rasa parek ning pangkon
Pikiran krasa keduhung guri
Kēlingan bli mari-mari
Yēn isun bengēn gelem ditari
Beli bakal ditinggal kari
Werua arep tek kintil dingin
Akibatē nyiksa batin
Yēn mama arep ngupai idin
Sun ngulati Kang Baridin 2X
Temon
Cipt. Abdul Ajib
B: Lagi ēnak-ēnak tungkul mlaku
Ana bocah wadon ngomong kaku
Diarani bocah wadon ora ngaku
Nyangka isun wong adol weluku
Yēn isun iki aran Baridin
Urip lagi menderita batin
Saben dina lagi nyandang isin
Sebabē durung ngalami kawin
R: Arep kawin arep durung ora takon
Bonggan sapa mader akēh wadon
Kembang sirsak iwak blanak
Wonge blēsak mambunē blēnak
Anggur-anggur kanda durung kawin
Dasar lanang bli weruh ngisin
Gawē geblog laguē pelog
Wongē goblog kaya Jaka Dolog
B: Aja ngomong ganjen
Aja nemen-nemen
Nok bokatan mbesukē demen
R: Idih eman-eman temen
B: Aja njimprat-jimprat
Coba ndeleng urat
Nok tek kintil sampē akhērat
R: Emong sampēyan wong mlarat
B: Bagēn mlarat Baridin lanang
Demen wadon iku wis wenang
R: Mengkonon sotēn
lanang gah apa lanangē
Mengkonon sotēn
wadon gah apa wadonē
Wadonē kula larang reganē
Ora pantes Baridin jodonē
B: Yēn bli kelakon
Sun bagēn lara badanē
R: Lamon kelakon
Isun sih bagēn ēdanē
B: Ngomong mengkonon apa temenan
R: Gelem sumpah pitung turunan
Rayat: Pancēn Baridin
wong lanang bli weruh isin
Tukar ning dalan
ngomong bli dipikir dingin
Ratminah bli bakal mabok Baridin
Saking Baridin kepēngēn kawin
B: Aja sok lancang
Bokatan kecangcang
Aja kadiran
Bokatan kapiran
Pira lawasē
Gembleng ayuē
Pēngēn ēdan jarē dēwēkē
Baridin karo nontonē
R: Log…. Log….
Wongē kaya Jaka Dolog
Lak….lak….
Wongē kaya tukang palak
Dasar wong demen ora kelakon
Omonganē kaya wong wadon
B: Nok….nok….
Wong gembleng kesawang dēnok
Nok…..nok….
Baridin demen ora kapok
Mlayua ning laklakanēng naga
Tek udag mangsa wurunga
R: Kepēngēn kawin
Aduh sabar dingin
Apa bli isin
Sampēyan wong miskin
Lamun kula gelem ning sampēyan
Apa sing kanggo pasrahan
B: Nyah , tampanana!
R: Sungkan!
B: Pasrahan aku
R: Weluku???
B: Aja gēgēr wong
R: Emong!!!
B: Isun ngarti sira nolak
Aja mencicil karo mencilak
R: Wongē blēsak ambunē blenak
Omonganē kaya wong sowak
B: Rujak-rujak merak
Campuran rujakē parē
Ya merak, ya manuk bencē
Ya merak, ya manuk bencē
Kaya kēnēn dadi wong blēsak
Yēn duwit sih duwit rēcē
Akēh wadon pada ngēcē
Gugur Cita-cita
Cipt. Abdul Adjib
Nglamar saben kantor
Pēngēn dadi mandor
Pēngēnē numpakē motor
Disangka bohongan
Dianggep wong-wongan
Sebab wis tutup lowongan
Arep nggendhong pikul
Asal ngudhud ngebul
Watirē pundhak mendukul
Larē kurang susah
Tanggung ning ijazah
Durung tamat ning sekolah
Gadra wisa rerawēnē
Rerawē kuning kembangē
Wong tuwa gawē lantaran
Wong enom ngajak tukaran
Katon ning tekadē
Jelas ning jogedē
Pēngēnē dadi wong gedhē
Wurung dadi wong gedhē
Sebab langka wradhagē
Sing salah sih jambu mēdē
Pengantēn Baru
Cipt. Abdul Adjib
Pantes dēn sawang,
wadon lan lanang
Si pengantēn
Manis mēsemē,
karo somahē
Gawē bungah
Sing dadi lanang,
sumpingē kembang
Kembang wijaya
Sing dadi wadon,
sumping melati
Aruma wangi
Rēff.:
Mēndadēnē mēndadēnē
mēndadēnē
Yēn mlaku iring-iringan
Gawē ribut
Pēr bēca
kang jengkringan
Pengantēn baru
Pada setuju
Pengantēn baru
Salaman karo tamu
Lair lan batin,
dunya akhērat
Sumpah suci
Uripē bareng,
mengendi bareng
Sumpah jiwa
Waktunē lunga,
numpakē bēca
Keliling kota
Pengantēn baru
Plesir sampē seminggu
Kamajaya, Kamajaya,
Kamaratih
Pribasanē
Nyenengaken
ingkang dadi
Mertuanē
Ngajaki plesir
Lan cengar-ir
Mampar-ir
Waktune lunga
Numpake vespa kliling kota
Salam tangan4x
Klaton karo kenalan
Pesam-pesem ning vespa
Sepanjang jalan
Penganten baru
Ora kiyeng-kiyeg turu
Oenganten baru
Plesir sampe patang minggu
Lanange jagat
Wadone prawan
Pasangane
Dadi joodne seneng uripe
Sugih dunya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar