Kamis, 21 Juli 2011

drama sandiwara ajian kemat jaran goyang

kalesan wis teka ning
waktune..udan ngrecek sawengi wengi mendung
leliungan gunung ora katon puncake.kadang
kadang manusia nggelendeng yen bli udan udan
jaluk udan nanging udan bae kepengen
terang.untunge wong tani kang pada nggarap
sawah..pada bunga bunga
tandur..nyebar..ngarit..nanging lamun wis kelingan
uma e wong tua mbok wangsih rubuh ngalor
rubuh ngidul kaya kaya kita kang dadi anake ndue i
kewajiban.kanggo mikiraken..
yen dipikir sing sampe teliti
durung tinemu seneng nglakoni urip dadi anake
mbok wangsih,bapa siji wis mundur sing alam
dunya.mangka mangka mbok wangsih mung
mung e siji kang dadi gandulane ati ila baridin
mbok wayang e yen ora bisa gegulat,kang tak puja
dina kelawan bengi amung dedonga ning kang
kuasaa..keparingana panjang umur ning alam
dunya..rejeki kelawan bunga..
mbok wangsih anak sampean
baridin ora bakal nglalenaken ng wong tua ya
mbok..asal bae nyatane keparingan sedina ping
pitu mega malang sinare kuning durung mati
kadang kadang sukmae ngelayung katon.duuh
mbok wangsih sukmae ngelayung kesawang
katon..yen urip ng kampung nyawang wong pada
marani sawah..manggul pacul soal bebunga e ning
pikiran..gawe tentram ning ati.hem m
mmmmmm..
duuh mbok wangsih lagi angote
ngapa..bari awak tinemu blenak kaya kenen..yen
tak bengen kula ora njebrol sing jero wetenge
sampean.nglakoni urip ora kayang kenen
kangelan..awan timbul kesedihan yen bengi dadak
tinemu kelawan lamunaa aan..!
1.SEGA TUMPENGE WA BUNAWAS
MBOK WANGSIH
Cung..Baridin aiii boca kuh ya sira kuh garep waya
apa kebo e diuculakene kuh,ika kah gudele
ngamprak ning sawah e uwong..(iya ya mbok
kelalen kula kuh) angger bae sira si cung yah..
(inggih mbok mengkin sekedap mbok arep
nggiring nggiring gudel bari ndandani dadung) iya
ya gage ya..cung!
WA BUNAWAS
Punteeeeeeeen?
MBOK WANGSIH
(mangga...aii pa bunawas.pripun wa..arep ana
perlu tah)
WA BUNAWAS
Aii kula niki jawane si ngirim baridin mbok.dina
kien baridin meluku ning sawa kula.teka ning sawa
langkah kebo langkah baridin.baridine menggawe
ng sapa mbok dina kien?
(mboten medamel ng sinten sinten wonten ning
griya)..
ana ning uma lagi ap??
(ikah kah saweg nganuni keboe..)
lagi nguculi kebo!undangen konkon mene mbok??
cuung baridiin...?(punapa mbok)
iki ana wa bunawas..
BARIDIN
E eh wa bunawase sampe mene dewek ya wa..
WA BUNAWAS
aii sira kuh priben perjanjian meluku ning sawa
isun kita teka ning sawa sira masih ning uma kuh
priben maksude sira??
BARIDIN
sampun kirang pemaklum wa bun adat mupakat
manusia panggonan salah lan luput.asale wau
dalue kula nonton wayang dadi mata ari sampe
enjing (oh..dadi klalen) lamun benjing mali mawon
kepripun wa ??
WA BUNAWAS
eh din masa ya kita gawa tumpeng garep digawa
balik maning.ya kien si disidaaken wong kita e wis
gawa tumpeng
(dados saniki mawon)
kien bae iki
mbok tumpenge mbok!?
MBOK WANGSIH
Kesuwuuuun..aduh panggangane gede temen.
BARIDIN
ya sampun mbok kula bade pangkat ng sawae wa
bunawas meluku...
WA BUNAWAS
ayu din mangkate bareng tah bli??
BARIDIN
mengkin mang bun sawae kula dereng jelas
sebelah pundie WIDARA wa?
( oh sbelah..ya ning
kono ng blok widara)
kang wonten GUMUK E
(
ya bener)
cakep sawa e mang KARSIDA..
( oh ng
sawae KARSIDA sebelah
wetane)
WARKAD
(kulone)
DANIRA?
(kidule)
MBOK WANGSIH
ika si daspan..bang endie daspan
(wah ya lore
daspan)
ya ari kula kah sering
tandur.derep ning kono kuh..
(mbok kah sering
tandur derep ng kono kuh)
BARIDIN
oh dadi nggandeng karo sawae daspan (yuu kita e
mangkat dipit yah DIN)
ya sampun wa bun kula aturi krihin mawon kula
ngintil ng buri pamiit mbok pendonga e..
(iya cung
kang ati ati ya cung ya)
muga muga baridin gelis pragat garap sawae
mang bunawas.amiiiit mboook!?
RATMINA MANGKAT NING
PASAR
MONOLOG RATMINA
angger bae mama si baka pengen mangan enak
kuh kudu bae ngongkon ratmina mangkat ning
pasar.sebenere RATMINA kuh sungkang baka
mangkat ning pasar kudu bae boca nom noman
ngudag ngudag,tapi ah yong perinta e wong tua
ya kudu dituruut..mangkat bae ahhhh!
aii kita kah dikongkon tuku apa
ning mama ora kelingan ditulisi koe klalen pisan
teka ng kana.apa apa kankah..?oh mama si cuma
pesen klobot.bako.trs iwak pindang.gula watu
entok.teh gula kopi pesenane mama si..oh bumbu
dapur kedik entok ya..gula abang entok trs bawang
putih.bawang abang.sabrang abang...
BRANDALAN PASAR
(eiy eiiiiy eiiiiztt)
JARAN ABANG EH JARAN ABANG!! e eh ap apn sih!
(boca nom jeh wis lata ikuh)
ana wong eling eling blnjaan digetak
(ky umure wis
sewidak)
bli lata gan ari dijebag si kaget!
biasa temen si baka kita ning
pasar ngudag udag..
BRANDAL PASAR
boca manis boca ayu..boca denok boca
gembleng..nok ning nok ning yh denok ya
kuning..
TUKU KLOBOT olie blarak godong PELEM kenang
ANGIN aja nyewot aja ngecaprak lamun gelem
hayoo kawiin!
RATMINA
e eh sembarangan nari ng tenga dalan..
RAJEG KEREP pinggir klapa gawe kue masak
bergedel
lamun arep ngawin kula
kudu due emas segudel
(wadduuuh trimane
gampang jeh ngulati emas kuh) sembarangan
temen sih nari ng tengah dalan...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar