Kamis, 21 Juli 2011

cerita cindek peteng dedet

Cerita Cindek : Peteng-dedet (Cerita
Pendek : Gelap-gulita)
Teng tengah wana, Saida lan Saeni ahiripun dipun
tilar Mang Sarkawi. Pancen maksadipun mang
Sarkawi, sampun niat mbucal lare kalih wau.
Keranten Mang Sarkawi nuruti wanodya anyare
utawi mbok walon lare kalih wau, supados Saida
lan Saeni dipun bucal.
Di tengah hutan, Saida dan Saeni akhirnya
ditinggalkan oleh Mang Sarkawi. Memang
maksud Mang Sarkawi sudah berniat membuang
kedua anak tadi. Karena Mang Sarkawi menuruti
istri mudanya, atau ibu tiri kedua anak tadi, yang
meminta Saida dan Saeni untuk dibuang.
Saida lan Saeni, dalu puniku maksih ngentosi
bapane teng tengah wana, boten nduga bapane
mbucal putra-putri kakang-adi puniku.
Saida dan Saeni, sampai malam masih
menunggu ayah mereka di tengah hutan, tidak
menduga bahwa ayahnya tega membuang anak-
anaknya.
Saeni ngucap dateng kakangipun, ”Kang Saida,
langit ketingale cemeng, peteng-dedet! Lintang lan
wulan ketutup mendung. Boten ketingal napa-
napa. Mung kakang lan wit-witan ingkang ageng-
ageng mawon. Sampun tebih-tebih sing kula,
Kang.”
Saeni berkata pada kakaknya, "Kang Saida, langit
kelihatan hitam, gelap gulita! Bulan dan bintang
tertutup mendung. Tidak bisa melihat apapun.
Cuma kakak dan pepohonan yang besar-besar
saja. Jangan jauh-jauh dari aku, kakang."
Saida njawab, ”Nggih, Saeni. Kakang uga ngraos
mekoten. Kadose niki kih, wana ingkang tebih
saking griya utawi saking dedusunan. Wontene
wit-witan ageng mawon, lan suwanten-
suwanten sato-kewan mawon.”
Saida menjawab, "Betul Saeni. Kakang juga
merasa begitu. Bagaimana ini ya... hutan ini jauh
dari rumah atau dari pedesaan. Adanya pohon-
pohonan yang tinggi saja, dan hewan-hewan
saja."
Saeni njerit, ”Kaaaaang! Saeni-e wedos, Kang!
Sampun tebih-tebih, Kang!”
Saeni menjerit, "Kaaaaang! Saeni takut Kang1
Jangan jauh-jauh, Kang!"
Lare kalih wau sami rerangkulan, sami tetangisan
teng tengah wana. Lami-lami Saeni ngelih
ngombe. Ilat lan cangkemipun kraos garing.
Kedua anak itu berangkulan, sambil menangis di
tengah hutan. Lama kelamaan Saeni merasa
haus. Lidah dan bibirnya terasa kering.
“Kang Saida,” wiraosipun Saeni, “Saeni pengen
ngombe, Kang! Sing wau boten wonten toya.
Saeni ngelih ngombe, Kang!”
“Kang Saida,” kata Saeni, "Saeni ingin minum
Kang! Sejak tadi tidak ada air. Saeni merasa haus
Kang!"
Saida njawab, “Ya, mpun, mengkin Kakang nhilari
toya krihin, nggih? Saeni tek tinggal krihin, nggih?”
Saida menjawab, "Ya sudah, Kakang carikan air
dulu ya? Saini aku tinggal di sini ya?"
”Nggih, kang. Sampun lami-lami, ya Kang!”
jawabe Saeni.
"Baiklah kang. Jangan lama-lama, ya Kang!" jawab
Saeni.
Dalu peteng-dedet boten wonten lintang, boten
wonten wulan, lan boten wonten sinten-sinten,
mung Saeni mawon teng tengah wana. Ngentosi
kakange ingkang siweg ngilari toya, lantaran Saeni
ngelih ngombe pisan, cangkemipun garing,
ilatipun garing!
Malam gelap gulita, tidak ada bintang, tidak ada
bulan, dan tidak ada siapa pun, hanya Saeni
sendirian di tengah hutan. Menunggu kakaknya
yang sedang sibuk mencari air, karena Saeni
kehausan, bibirnya kering, lidahnya juga kering!
Mendung cemeng teng inggil wana kraos damel
wedos. Wit-witan ageng ketingale kados memedi
ingkang mesam-mesem, mringis-mringis, lan
cengar-cengir. Damel ati Saeni mbregidik!
Mendung hitam di atas hutan juga membuatnya
merasa takut. Pepohonan yang besar terlihat
seperti memedi yang sedang tersenyam-
tersenyum, meringas-meringis, dan cengar-
cengir. Membuat hati Saeni gemetaran!"
”Kaaaaaaang! Saeni-e wedos Kang! Saeni-e
wedos, Kang!” njerite Saeni teng tengah wana
teng dalu peteng-dedet puniku.
Kaaaaaaaaang! Saeni takut Kang! Saeni takut,
Kang!" teriak Saeni di tengah hutan yang sudah
gelap gulita itu.
Nanging mlampahipun Saida, mbuh pundi
parane. Ngilari toya kangge ngombe adie, nyata-
nyata dereng kepanggih mawon.
“Kaaaaaaaaaaaaaang! Saeni-e wedos, Kang! Saeni-
e wedos, Kang!” jeritan Saeni kados mbelah bumi
sejagat-raya. Jeritan wau boten wonten ingkang
njawab, boten wonten ingkang nyauti. Ingkang
njawab lan nyauti mung suwantene piyambek.
Saida dereng mawon dugi, dereng mawon
ketingal. Menit gentos menit, jam gentos jam,
sampe medal semburat layung enjing teng langit,
teng inggil wana wau. Wana ingkang biasane
kraos adem, gawe ati Saeni kraose panas pisan.
Srengenge ingkang biasane kraos anget, gawe
badan Saeni kraose trelep-trelep. Mlampahipun
Saeni seturute dalan setapak ingkang wonten
wana. Melebet krasak-krusuk teng alang-alang,
teng pinggir wit-witan, teng suket ijo royo-royo.
Nanjak-mudun, planggak-plenggok tanpa
maksad lan tujuan. Tapak-tapak suku alit kraos
pegel, nanging Saeni boten mandeg, boten
ngaso, teras mlampahaken sukue ingkang
sampun bleput lan kotor.
Srengenge tambih lami tambih panas. Badan
sayah lemes-dedes. Nanging Saeni teras
mlampah nanjak-mudun, planggak-plenggok,
krasak-krusuk kayadene mbabad wana ingkang
masih prawan. Teng inggil langit ahire srengenge
kadose kraos pegel piyambek. Mencoronge mulai
liyep-liyep. Teng kilen, srengenge wau mulai
surup, nanging layung sonten damel werna-
werni ingkang abyor pisan dipandenge. Badan
Saeni kraos lemes-dedes, balung-balung kraos
pada copot. Ahire Saeni pingsan teng andap wit
ageng. Teng selebete pingsan, rupine saeni kados
ngimpi.
”Eh, Nok Saeni, mriki-mriki! Pundi mawon?
Kakang ngilari, nok Saeni boten kepanggih
mawon,” wiraosipun Saida, ingkang wonten teng
selebete istana kerajaan. Rasukanipun Saida sae
pisan, keranten Saida sampun dados raja teng
istana wau.
Saeni kaget! Nanging kagete boten lami, keranten
Saeni uga rasukane sami sae. Saeni minangka
putri kerajaan ingkang diiirng para embok-
emban. ”Nggi, Kang. Wau Saeni nembe pisan
dolan-dolan, mlampah-mlampah teng taman
istana. Saeni seneng pisan, katah sekar werna-
werni, wit-witan ageng damel ayem, toya
ingkang mancur-mancur saking gunung. Kupu,
kinjeng, lan manuk pating sliwer.
Kakang-adi wau sami-sami mesem, seneng
pisan.
”Saeni, tangi, Nok! Saeni, tangi Nok! Niki toyane.
Kakang sampun dugi, Nok. Kakang sampun
mbakta toya, Nok. Saeni ngelih, kan?”
Suwanten Saida gawe Saeni njenggelek tangi.
Saeni mandengi kakange, mandengi piyambeke.
Diawiti malih, mandengi kakange, teras
mendenge piyambeke. Nyata-nyata, rasukan raja
utawi putri kerajaan lan istana, ical sing
pandengan. Ingkang wonten, nyata-nyata maksih
teng tengah wana!
Lare kalih wau boten ngertos dibucal teng tengah
wana. Peteng dedet.
QUOT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar